melancholics cyberpoptastics

Tuesday, July 25, 2006

panah srikandi

atiku kena panahing dewi srikandi
sekti digdaya ngumbar racun
atiku gumletak tanpa rasa
mujur kiwa tengening alas tanpa bates
daya kang rumaket
kraket ing salemahing kadonyan
ngoyot samubaring langit

----

hatiku terpanah dewi srikandi
sungguh sakti menggumbar racun

hatiku terkapar tanpa rasa
terlentang di kanan kiri hutan tanpa batas

hutan yang mengikat
merekat di bumi dunia
berakar di atas lautan langit


lilz of melancholics cyberpoptastics


|

Friday, July 14, 2006

Blangkothang Si Sekot

Sore-sore ngene, enake ngombe wedangan sekoteng. Pas tenan iki. Kantore radha adem, gaweanne ora akeh. Wah...pokoke isa nglaras. Sekoteng kang tak senengi iku jenenge sekoteng ABC, gawean Prambanan, Jogjakarta. Wangine lan rasane nyegerake awak. Dene sekoteng ABC iku ana endep-endepane patang werna; ager-ager garing, woh-wohan, karo ana loro kotak-kotak kang legi semu pedes. Sebal sebul sinambi ing pinggiring cangkir karo mikirke bab-bab kang cetha lan ra cetha, prakara-prakara kang penting lan ora ana juntrungane. Kabeh iku isa dadi cerita kang bisa gawe geli. Aku njuk ngguyu dhewe.

Si Sekot, sekoteng ABC iku wis ana awit jamanku cilik. Itung-itung nek ngombe sekoteng iki, aku tansah kelingan jaman cilikan. Sikile besisik, rambute abang, umbelen lan kakean dolan karo kanca-kancaku. Oh ya, aku dadi kelingan kedadean kang lucu ing sajroning uripku. Aku lan bocah-bocah kampung dolanan jilumpet. Saking senenge amarga ora tunggu beteng, aku mlayu golek nggon kang primpen. Cepet-cepet aku mlipir ana ing kamar mandi tanggaku. Eh...mak bedunduk...ujug-ujug kok “Cebluuuuung....”. Aku oleh nggon kang bener-bener primpen. Aku kejebur ing sumur bekas, kang ora patiyo jero. Wah...kanca-kancaku siji wae ora ana kang ngerti. Saking wedine, ku jerat jerit nganti sing dhuwe omah metu. Kocap kacrita...awakku klebus. Tapi alhamdulilah slamet.

Si Sekot. Kanca kang isa ngelingake uripku. Monggo sami ngunjuk...sekoteng.
Mon, nuwun yo sekoteng ABCne.


lilz of melancholics cyberpoptastics

|

Monday, July 10, 2006


ingkang pundi?
lelampahing gesang kedhah kekancan kaliyan uba rampe kang tansah saged damel raos tentrem. salah satunggalipun inggih punika sepatu.

sepatu punika barang ingkang mesti andap asor, tansah ing ngisor, tansah kepanggih bleduk, comberan kaliyan sanes-sanesipun ingkang damel jijik. ananging, inggih mekaten manahipun sepatu, tetep wontening andap lan ngancani ing wekdal lan papan pundi kemawon.

kawula namung kepikiran, kados pundi damel ati kang 'nye-patoni'? mbok menawi punika ingkang tansah dipunlimbang

-----------------------------------
yang mana?
menjalani hidup tak bisa lepas dari 'keharusan' terhadap segala hal yang bisa membuat hati nyaman. salah satunya, sepatu.


sepatu, sesuatu yang berjiwa rendah hati, selalu di bawah, terkena debu, air comberan bahkan segala sesuatu yang menjijikkan. akan tetapi, begitulah sikap hati sepatu, tetap berada di bawah, rendah hati dan selalu setia menemani setiap saat, di mana pun kita berada.


yang kupikirkan, bagaimana membuat hati yang bersifat 'sepatu'. apakah perlu dipikirkan?


-lilz of melancholics cyberpoptastics

|

Thursday, July 06, 2006

nyekaraken pasugihan

komat kamit sinambi dulat dulit duit
sawang sinawang ngelimbang ing awang-awang
gemblak gembluking ati luruh disuguh sekar gambuh
gunem-gimunem esem kang gawe tentrem



--------------
menguburkan kekayaan

komat kamit sambil menghitung uang dengan sentuhan lentik jari
saling melihat sambil berpikir di awang-awang
hati tertegun terpana dengan suguhan tembang gambuh
seolah berbicara memberi senyuman yang menentramkan


-lilz of melancholics cyberpoptastics

|

Unen-unen Sumpeg*

Kupingku dak gawe mampet amarga aku mung kepingin krungu swara atiku kang bisa nuntun lakuku. Kang bisa negesake laku lan polah tingkah. Kang isa gawe bungahing ati. Dene swara-swara liya ora ana bedane karo angin kang mlebu metu cendela. Seka kiwa bablas nang tengen. Utawa nek mandeg ing tengah-tengahing kuping, pantese disebut unen-unen sumpeg.

Mangkane, aku saiki luwih seneng nutup kupingku kanggo ngleremake ati. Supaya aku ora gampang nesu. Supaya aku ora mung trima maido. Supaya aku ora terus dipaido. Aku mung pengen swaraku dadi unen-unen kang gawe dempeting ati siji lan liyane.


*kapethik saking salah sijining judul albumipun kua etnika

--------------------------------

sesuai permintaan iblis 'devil', tersedia terjemahan kasar, sekadar untuk dimengerti


Bunyi-bunyian Sumpek*

Kumampatkan kedua telingaku karena aku hanya ingin mendengar suara hatiku. Suara yang bisa menuntun jalanku. Yang bisa mempertegas tingkah laku dan sikapku. Yang bisa membuat hatiku gembira.

Adapun suara-suara lain, tak ada bedanya dengan angin yang keluar masuk lewat jendela. Masuk kiri keluar kanan. Kalaupun berhenti di tengah-tengah telinga, hanya pantas disebut bunyi-bunyian sumpek.

Karenanya, aku sekarang lebih senang menutup kupingku, sekedar untuk menenangkan batin. Supaya aku tidak mudah marah. Suapaya aku tidak hanya menuntut. Supaya aku tidak terus dituntut. Aku hanya ingin membuat suaraku menjadi sebuah bunyi-bunyian yang bisa mendekatkan hati satu sama lain.


* diambil dari salah satu judul album kua etnika

|