melancholics cyberpoptastics

Monday, June 27, 2005

Mengapa tak segan lagi memberiku tamparan? Kedua tanganmu telah terlalih, kekar kapalan membelai keras pipi kanan pipi kiriku hingga kemerah-merahan. Terlihat lucu, seperti pipi bayi yang baru pertama kali terkena sinar matahari. Plak…pluuuk…..plaaaak…..teruskan! Teruskan! Nikmati waktumu untuk memanjakannya kedua tangan kekarmu untuk membuatku tersipu dengan kulit melepuh. Mumpung hari ini kamu tak segan lagi menamparku.'



lils of melancholics cyberpoptasics

|

Monday, June 13, 2005

sumeleh kanggo ngleremake ati. sakabahe pakaryan mesti ana munggah mudhune. sing penting ana greget kang rumaket ing sadintene. greget kang ngawe-awe manahing raos kang turu. dadosaken sigrak gregrah tumindak nglampahi padamelan. ati kang sumeleh saged paring greget kang rumaket.


lils of melancholics cyberpoptastics

|

lintang cemlorot ing peteng dedeting donya
sumebar jejingkrakan ing tyasing kalbu
punapa punika lintang kang dipun utus kagem ngleremaken ati?
lintang lang paring pepadhaning urip
lintang kang nentremaken kalbu
ananging awrat sanget ngegayuh lumintang kang cemlorot
nuwun nuwun sewu,
punika lintang ingkang dipun suguhaken kagem kawula?


lils
melancholics cyberpoptastics

|

Tuesday, June 07, 2005

Dumateng , Prabu

Panjenenganipun temtu mangertos dening jaman punika jaman ingkang awrat kagem nglampahi gesang. Lelabuhaning gesang ingkan sampun rinonce kanthi sae saged bubar boten cetha amargi tiyang sampun menggalih gesangipun piyambak, malah kados ugi kesupen kaliyan tiyang kaliyan sesrawungan, punapa malih urip bebrayatan. Punapa kangmas Prabu gadhah penggalih punika? Kawula kinten panjenenganipun ingkang dipun hurmati lan wicaksono ing caraning dedonga kaliyan paring wewarah sageda mangertosi kahanan jaman ingkang sampun damel bubrah punika.

Ing sawetawis wektu, kawula nyuwun...sembah sewu nyuwun kagem panjenenganipun kersaa paring pangertosan dateng tiyangtiyang ingkang sampun boten saged madeg ing sukunipun piyambak, ingkang boten saged nedha kaping tiga ing sadintenipun, ingkang awrat saget adus ginaaken toya resik, ingkang tilem ing pinggiring margi, ingkang ngosak ngasik pawuhan kagem paring berkah lan rejeki dumateng keluarga. Sageda panjenenganipun mangertosi kahanan punika.

Kawula boten nyuwun kathah. Kawula sampun cekap. Kawula nyuwun sembah sewu panuwun dumateng Kanjeng Ratu ingkang paring penggalih lan blalaaken mata ati kawula dening kawula taksih saged nampi berkah kang linuwih saking sadherek liyan. Kersaa Kanjeng Ratu nampi atur panyuwun syukur punika. Lan kawula tanpa kendat nyenyuwun ing Kanjeng Ratu, mugi kersaa paring kawicaksan kagem kangmas Prabu, mugimugi saged paring katentreman saking kalabendu punika, ngademaken atining brayating kawula ingkang panas supados bebrayatan sageda lumampah kanthi sae, damel kahanan punika pulih.

Matur sembah nuwun.

lils – melancholics cyberpoptastics

|