melancholics cyberpoptastics

Sunday, September 10, 2006

jejer agni


sikilku tumancep ing segaraning agni
krikil-krikil wus ora keri ing sikil
kabeh rumaket ing sajroning awak
aku mung bisa nyawang awakku
getih kang wus dadi saren bakar

aku teturon ing sajroning agni
amarga iki dina wetonku
kapercayaan atiku ngajak lakuku
nuntun bungah susahku
ing segarang agni kang ngawuake sakabehe


-lilz of melancholics cyberpoptastics

|