melancholics cyberpoptastics

Wednesday, June 28, 2006



"njaluk ditapuki po piye?" wah wah wah...amba namung gedheg-gedheg, gumun anyawang tuturing basa ingkang lewat sakiblat punika. lha pripun tho, namung prekawis alit mawon kok diubeg-ubeg dados perang tangan. wonten tiyang kalih kang tabrakan. kalihipun sampun babak kok taksih adu otot lan wicara keras siji lan liyane. dene punika salahing priyayi satunggalipun, dene satunggalipun mungkir kanthi basa ingkang ngabangake kuping.

sampun ngathang-athang lelaran taksih dipilara malih. sumonggo, menawi kita westani lan dipun pikir malih, punapa punika kita taksih kersa, ngakeni kesalahan. punapa kita, taksih gadhah raos pangerten. raos kang jembar segarane kagem nglurug kesalahan. mbok menawi, punika namung angen-angen kang kedhah dikangeni.


sugeng dahar,

lilz of melancholics cyberpoptastics

|