melancholics cyberpoptastics

Friday, July 14, 2006

Blangkothang Si Sekot

Sore-sore ngene, enake ngombe wedangan sekoteng. Pas tenan iki. Kantore radha adem, gaweanne ora akeh. Wah...pokoke isa nglaras. Sekoteng kang tak senengi iku jenenge sekoteng ABC, gawean Prambanan, Jogjakarta. Wangine lan rasane nyegerake awak. Dene sekoteng ABC iku ana endep-endepane patang werna; ager-ager garing, woh-wohan, karo ana loro kotak-kotak kang legi semu pedes. Sebal sebul sinambi ing pinggiring cangkir karo mikirke bab-bab kang cetha lan ra cetha, prakara-prakara kang penting lan ora ana juntrungane. Kabeh iku isa dadi cerita kang bisa gawe geli. Aku njuk ngguyu dhewe.

Si Sekot, sekoteng ABC iku wis ana awit jamanku cilik. Itung-itung nek ngombe sekoteng iki, aku tansah kelingan jaman cilikan. Sikile besisik, rambute abang, umbelen lan kakean dolan karo kanca-kancaku. Oh ya, aku dadi kelingan kedadean kang lucu ing sajroning uripku. Aku lan bocah-bocah kampung dolanan jilumpet. Saking senenge amarga ora tunggu beteng, aku mlayu golek nggon kang primpen. Cepet-cepet aku mlipir ana ing kamar mandi tanggaku. Eh...mak bedunduk...ujug-ujug kok “Cebluuuuung....”. Aku oleh nggon kang bener-bener primpen. Aku kejebur ing sumur bekas, kang ora patiyo jero. Wah...kanca-kancaku siji wae ora ana kang ngerti. Saking wedine, ku jerat jerit nganti sing dhuwe omah metu. Kocap kacrita...awakku klebus. Tapi alhamdulilah slamet.

Si Sekot. Kanca kang isa ngelingake uripku. Monggo sami ngunjuk...sekoteng.
Mon, nuwun yo sekoteng ABCne.


lilz of melancholics cyberpoptastics

|