melancholics cyberpoptastics

Thursday, October 05, 2006

atine ampang

aku mlaku nantang kiblating angin
sikilku tumancep ing lemah
tanganku nyekel wektu
kang ora isa diatur

wus ati-ati anggonku mlaku
ing tengahing dalan kejengkang
tansah dipilara wong-wong
kang wira wiri

anangin iku kabeh gawe
atiku saya lantang
nantang segaring donya
belah bumi kanthi ati sumeleh


lilz of melancholics cyberpoptastics

|

Sunday, October 01, 2006

good marning

klethak klethuk marning kang atos remuk
kremas kremus marning kang kebrangus dadi alus
marning kang dadi klethian jaman cilikanku
dina iki tak kremusi ing panggon pakaryanku

saiiki aku wus beda karo wingi
dina iki, ana bab kang atos
kang kudu dikremas kremus
lan sabanjure dadi alus

lilz of melancholics cyberpoptastics

|