melancholics cyberpoptastics

Monday, September 18, 2006

greget gremet

sawijining esuk kang wus cumawis dening emprit-emprit kang tetembangan, awakku tangi kanthi ati kang lerem. gage-gage tak sibaake kemul jarik saka ibuku, banjur tak lempit. banjur aku tangi gumregah saka dipan kang tak lemeki klasa enceng gondok. mangkono anggonku mlumahake awak sawise sedina ngupakarya krengit lan ngasah ilmu.

aku banjur metu, nyawang ron-roning tanduran kang ngawe-ngawe, pengen disiram banyu. ya mangkane adatku, nyirami tanduran lan menawa perlu metani mbok menawa ana tanduran kang butuh digawe ayu.

aku ngrasakaake urip kang dadi labuhing atiku. ananging kuwi kabeh banjur luntur. bubrah ora karuan rikala aku numpak bis. wong-wong seliweran, nawaake dagangan; koran, panganan lan uba rampene. kuwi mung pambuka. critaku banjur diterusake ing sajroning jalan bebas hambatan utawa dalan tol. dubilah...atiku kang sumringah banjur bubrah ora karuan. aku mung gedag gedeg mawi wong jakarta lan sakcedake pancen sugih-sugih utawa ‘sugih’. mobile pancen uakeh tenan, ngganti mili luber ing dalan kang dhawane ora karuan. banjur piye? banjur aku mung takon karo awakku dhewe, “muliha wae le...angon bebek lan tani wae ning ndesa. weh...tapi lemahe sopo? wong aku ora duwe lemah utawa warisan.”

amarga aku ora isa mikir, aku banjur turu kanthi katok. tangi-tangi...wis tekan nggon kang podho. atiku banjur sumelet. gregetku kang wus cumepak ing esuk mau banjur mulung mungkret. yo ngene iki donyamu. dilakoni wae.

-lilz of melancholics cyberpoptastics




|