melancholics cyberpoptastics

Wednesday, September 07, 2005

Nengga Sira


Umpamane sira wis ana ning kene, kita bakal guneman lan aku bakal paring panglipur. Tetembangan, ngidung kang gawe atimu tentrem kanthi seneng.
Awakku ora ngerti kang dalan ngendi kang sira pinuju. Ngalor ngidul, ngetan ngulon.
Kabeh dijajal tanpa kendat kringet tumetes, gawe klebes klambi.
Awakku mung rada dag dig dug mengko sira kena masuk angin.
Utawa penyakit-penyakit kang bakal nganggu laku sira.

Ya, mbok menawa sira pancen adem ayem. Ora dhuwe penggalih kang neka-neka.

Pancen, awakku mung ceblang ceblung, ngumbar ukara-ukara kang ora cetha,
kang angel dingerteni. Hahaha…aku tansah nengga sira ing sak wetawis wekdal.
Ananging, aja kesuwen, mengko penyakitku isa mak blejet kumat maneh.
Ya wis, awakku tak nerusake nembang.
Lha, pripun? Sira boten remen kaliyan tetembangan? Punapa kula nabuh gamelan kemawon, dados wiaga? Wah…boten remen? Waduh…kula naming saged nembang lan ngamel.
Nyuwun nyuwun sewu. Nggih sampun. Kula badhe ngodhog wedhang kemawon,
lajeng ndamelaken sira teh poci anget. Lan kita saged nguda rasa ing sonten punika.
Pripun? (Punapa kula kedhah nyubya sinubya sira?)


lils of melancholics cyberpoptastics




|