melancholics cyberpoptastics

Monday, February 06, 2006

gambangan ing januari

oaaaaaaalaaah....lha kok wis suwe tenan aku ora tau nulisnulis.
jangkep setaun punika, kawula kelalen nulis-nulis. oh nggih, kawula sapunika sampun pikantuk gambang kang didamel dening mBah Sakir, seniman tulen ingkang pinter saged nembang lan nggamel. menawi piyambakipun nembang sinambi nggambang, ati punika raosipun adem ayem. kembanganipun sae sanget. pilah-pilahanipun gambang sami rumaket tinabuh kados banyu mili. kawula namung merem melek dipun tembangaken. raos gumun punika boten entek-entek.

nate kawula tanglet piyambakipun, kok boten ngasta dados guru gamelan malih. piyambakipun namung jawab, "lha sopo sing arep diajari mas?". mBah Sakir sejatosipun taksih remen nulari ilmu kagem sedherek-dherek, khususipun nem-neman. ananging, jaman sampun gantos. main gamelan sampun ketinggalan jaman. sapunika nggih nggitar, main band punika ingkang dipun raos langkung njamani. hahahahaha....lajeng mBah Sakir paring teori nembang, pathet mayura. wah...sejatine kawula dereng nyandak. lha wong kawula namung saged nembang gambuh. ananging, kadosipun mBah Sakir remen kaliyan pepinginan kawula, saged nembang.

sapunika, gambang punika wonten ing kamar kawula. ngancani dinten-dinten lan wengi ingkang sepi amargi kawula ijen. swantenipun...kados gadhahi 'roh' kang nentremaken ati. kados paring suasana benten. punapa malih menawi kawula sampun saged lancar nembang. mugi-mugi kemawon, pepinginan punika sageda terus kalaksanan.

matur nuwun mBah Sakir kagem gambangipun.

-lilz of melancholics cyberpoptastics

|