melancholics cyberpoptastics

Tuesday, June 07, 2005

Dumateng , Prabu

Panjenenganipun temtu mangertos dening jaman punika jaman ingkang awrat kagem nglampahi gesang. Lelabuhaning gesang ingkan sampun rinonce kanthi sae saged bubar boten cetha amargi tiyang sampun menggalih gesangipun piyambak, malah kados ugi kesupen kaliyan tiyang kaliyan sesrawungan, punapa malih urip bebrayatan. Punapa kangmas Prabu gadhah penggalih punika? Kawula kinten panjenenganipun ingkang dipun hurmati lan wicaksono ing caraning dedonga kaliyan paring wewarah sageda mangertosi kahanan jaman ingkang sampun damel bubrah punika.

Ing sawetawis wektu, kawula nyuwun...sembah sewu nyuwun kagem panjenenganipun kersaa paring pangertosan dateng tiyangtiyang ingkang sampun boten saged madeg ing sukunipun piyambak, ingkang boten saged nedha kaping tiga ing sadintenipun, ingkang awrat saget adus ginaaken toya resik, ingkang tilem ing pinggiring margi, ingkang ngosak ngasik pawuhan kagem paring berkah lan rejeki dumateng keluarga. Sageda panjenenganipun mangertosi kahanan punika.

Kawula boten nyuwun kathah. Kawula sampun cekap. Kawula nyuwun sembah sewu panuwun dumateng Kanjeng Ratu ingkang paring penggalih lan blalaaken mata ati kawula dening kawula taksih saged nampi berkah kang linuwih saking sadherek liyan. Kersaa Kanjeng Ratu nampi atur panyuwun syukur punika. Lan kawula tanpa kendat nyenyuwun ing Kanjeng Ratu, mugi kersaa paring kawicaksan kagem kangmas Prabu, mugimugi saged paring katentreman saking kalabendu punika, ngademaken atining brayating kawula ingkang panas supados bebrayatan sageda lumampah kanthi sae, damel kahanan punika pulih.

Matur sembah nuwun.

lils – melancholics cyberpoptastics

|