melancholics cyberpoptastics

Monday, July 04, 2005

Gregetan kang Gegirisi

Aku gregetan karo atimu sing dlongap dlongop mangap mingkem tanpa tanda tanda sing gawe muntabing ati. Kowe kang plonga plongo tumindak sak karepmu dhewe, ora duwe pitutur kang rinacik kanthi apik bola bali tak tampik amarga wicaramu kang golek kepanaking uripmu dhewe. Coba…coba pikiren pituturmu kang ora ana bedane karo jangan oblok oblok tempe bosok. Apa isih kurang anggonku tumindak?

lils of melancholics cyberpoptastics

|